SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA
A. PAMBUKA
Serat Wulangreh anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta, ingkang miyos tanggal 2 September 1768. Jumeneng ratu wiwit 29 November 1788 dumugi sedanipun ing tanggal 1 Oktober 1820.
Ing wekdal samenika buku kasimpen ing museum RADYA PUSTAKA ing Surakarta Hadiningrat.
Serat Wulangreh kaanggit mawi wujud tembang macapat. Serat Wulangreh kadhapuk dados 13 pupuh. Dene jlentrehipun makaten.
Pupuh 1 Dhandhanggula : 8 pada/bait
Pupuh 2 Kinanthi : 16 pada/bait
Pupuh 3 Gambuh : 17 pada/bait
Pupuh 4 Pangkur : 17 pada/bait
Pupuh 5 Maskumambang : 34 padha/bait
Pupuh 6 Megatruh : 17 pada/bait
Pupuh 7 Durma : 12 pada/bait
Pupuh 8 Wirangrong : 27 pada/bait
Pupuh 9 Pocung : 23 pada/bait
Pupuh 10 Mijil : 26 pada/bait
Pupuh 11 Asmaradana : 28 pada/bait
Pupuh 12 Sinom : 33 pada/bait
Pupuh 13 Girisa : 25 padha/bait
WATAKING TEMBANG MACAPAT
1. Watak tembang Maskumambang
yaiku nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin.
2. Watak tembang Mijil
yaiku gandrung, prihatin anggone golek ilmu, metuning ras pitutur, medharake bukaning crita, mangayubagya.
3. Watak tembang Kinanthi
yaiku seneng, tresna, asih, grapyak, prayogi kagem suka pitutur raos tresna.
4. Watak tembang Sinom
yaiku grapyak, sumanak, renyah.
5. Watak tembang Asmaradana
yaiku sedhih prihatos , sengsem gandhrung. Mathuk kanggo cariyos sedhih lan asmara.
6. Watak tembang Gambuh
yaiku wani, wanuh, rumaket lan kulina. Prayogi kanggo paring pitutur, utawi sesorah ingkang ngemu raos radi sereng.
7. Watak tembang Dhandhanggula
yaiku kewes, luwes, resep prayoga kanggo apa wae.
8. Watak tembang Durma
yaiku galak nantang, nesu lan muntab
9. Watak tembang Pangkur
yaiku sereng, kejem, nantang, mathuk kanggo pitutur sereng, crita perang.
10. Watak tembang Magatruh
yaiku sedih kanggo medharake rasa memelas, getun, lan prihatin.
11. Watak tembang Pocung
yaiku kendho tanpa greget saur, bisa kanggo medharake sembrana, lsp
12. Watak tembang Girisa
yaiku gagah mawanti – wanti bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam. (Bonus)
13. Watak tembang Balabak
yaiku sembrana cocog kanggo lelucon. (Bonus)
14. Watak tembang Wirangrong
yaiku duwe prabawa gedhe, bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam. (Bonus)
15. Watak tembang Juru Demung
yaiku kenes mathuk kanggo peprenesan. (Bonus)
( Sumber : https://padukata.com/watak-tembang-macapat/ )
B. . WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA
Pada 1
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Tegese tembung :
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dahat = banget, sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
datan = ora
weruh = ngerti
keh = akeh
ngesemi = nggeguyu, ngenyek
angrumpaka = nganggit, ngripta, ngarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
tutur = ptutur, nasihat
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.
tinalaten = ditlateni
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk
ririh = lirih, alon, pelan.
mrih = supaya
sasmita = sandi, kode, isyarat.
Artinya :
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.
Wosing Pitutur
= Tansah ngupaya kanthi sabar niru bab ingkang becik kangge kabecikaning
liyan.
= Berupaya meniru hal baik kaena keinginan untuk berbuat baik.
Pada 2
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruhing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
Tegese tembung :
Sasmita = isyarat, kode, pralambang
ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng = ora ngenggoni, ora mangerteni, tidak mengetahui.
udani = weruh, ngerti, faham.
satuhu = sejati
upayanen = upayakan, usahakan,
darapon = supaya, supadi, supadya, supaya.
ira = mu
kauripanira =kauripanmu
Artinya :
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
Wosing Pitutur
= Tiyang gesang kedah tansah ngupaya supados saged mangertos maknaning gesang.
= Senantiasa beruaha untuk bisa memahami makna hidup
Pada 3
Jroning Qur’an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.
Tegesing Tembung :
Jro = njero
yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya.
uninga = weruh, tahu.
lawan = lan, karo, nganggo
tuduh = petunjuk
satemah = wusanane, akhirnya.
sasar susur = salah, kliru
sira = kowe
ira = mu
ayun = arep
waskitha = tliti, cermat, ngerti bab apa bae
katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar
Artinya :
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahkan kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.
Wosing Pitutur :
= Tiyang gesang kedah ndadosaken Al-Quran minangka dasaring gesang.
Menawi boten saged piyambak, mila kedahipun maguru.
= Manusia harus mengamakan ajaran Al-Quran dalam kehidupannya. Jika
tidak tahu maka bergurulah.
Pada 4
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Tegesing tebung :
wruh = weruh, ngerti, paham
wirangi = wara’ , wong kang ngedohi larangan (maksiat),
khukum = hukum,
wirangi = ngerti isin,
pawewehing = pemberian,
amungkul = nyingkii kadonyan
kaki = nak, sebutan kanggo bocah lanang
kawruhana = ngertia, ketahuilah
Artinya :
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
Wosing Pitutur
= Menawi badhe maguru, pilihen guru ingkang becik martabatipun,
mangertos ing ukum, sregep ngibadah, pertapa, lan mungkur ing kadonyan.
= Bergurulah kepada orang yang menguasainya secara sempurna, bermartabat, mengerti
hukum (syari’at agama Islam), taat beribadah, kuat berpuasa dan mampu
mengendalikan hawa nafsu.
Pada 5
Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.
Tegesing tembung :
micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.
tan = ora
mupakat = cocok, setuju, cocok.
nyatanipun = benere, benar.
baresih = bares, resik, tliti, teliti.
limbangen = dipikir, ditandhingake, ditimbang.
rumuhun = dhisik, mbiyin, terdahulu.
dalil = hukum adhedhasar Al Qur’an
kadis = hukum adhedhasar pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.
Artinya :
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
Wosing Pitutur
= Ampun gampil pitados dhateng tiyang, limbangen (petimbangkan) kanthi
dhasar dalil, kadis, ijmak, ln kiyas.
= Percayalah pada orang yang hidupnya didasari oleh hadits, ijmak (pendapat para
ulama), kiyas (alasan yang didasarkan atas pertimbangan perbandingan atau persamaan
tentang hukum Islam), dan dalil, setidak-tidaknya didasarkan dari salah satu
diantaranya.
Pada 6
Ana uga kena den antepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.
Tegesing tembung :
den antepi =diantepi
nora = ora
legetane = dadine, wusanane, isine perkara
tan = ora
wus = wis
angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.
salat = sholat, sembahyang
katengsun = garisku
kat = khat = garis.
sarengat = syari’at, aturan agama kang kudu dilakoni.
den rawati = diopeni, dipelihara.
Artinya :
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga tidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
Wosing Pitutur
= Tiyang gesang kedah ngantepi 4 bab inggih menika dalil, kadis, ijmak, lan
kiyas.
= Berpegang teguh pada 4 hal yaitu dalil, kadis, ijmak, dan kiyas.
Pada 7
Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaja ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
den arani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.
Tegesing tembung :
samangkin = saiki, sekarang.
ginuronan = diguroni, digurui.
jaja = adol, menjajakan.
sarak = bener
asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, kehendaknya
papancene = jatah, takdir.
priyangga = dhewe, sendiri
Artinya :
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.
Wosing Pitutur :
= Waspada anggenipun pados guru ing jaman samenika.
= Waspada dalam mencari guru di jaman sekarang.
Pada 8
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu anggeguru,
ing mengko iki tan ora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.
Tegesing tembung :
mangsa = waktu, jaman, waktu.
sabat = sahabat, murid.
tuhu = nyata, sejatine
wus = wis
karuhun = mbiyen
naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari.
ngupaya = golek, mencari.
tan = ora
kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.
Tembung kinathi ugi kangge pasemon tembang salajengipun
Artinya :
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).
Wosing Pitutur :
= Ing jaman rumiyin murid ingkang madosi guru, boten kados ing jaman
samenika, guru ingkang madosi murid.
= Manusia harus selalu belajar dan mencari guru sejati, tidak seperti masa kini malah
guru yang berusaha keras mencari siswa.
=====================================================================
Sumber: https://panditoblog.wordpress.com/2012/05/17/serat-wulangreh/
(https://e5631.wordpress.com/2016/01/06/serat-wulangreh-dhandhanggula/) Minggu, 1 Agutus 2021 http://digilib.uinsby.ac.id/11231/7/bab%204.pdf, pukul 10.27 WIB
http://digilib.uinsby.ac.id/11231/7/bab%204.pdf diakses hari Jumat, 6 Agustus 2021 pukul 15.08 WIB.
== MATUR NUWUN ==